TfCiGfz8TpAlGpriBSY7TSO6BA==

Pidato Bahasa Jawa Tema Aku Cinta NU dan Indonesia


 

PIDATO BAHASA JAWA TEMA : AKU CINTA NU DAN INDONESIA

Assallamualaikum wr.wb

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي جَعَلَ اِنْدُونِسِيَّا دَوْلَةً مُّسْتَقِلًّا، بِاَنْوَاعِ الْعَادَاتِ الْمُخْتَلِفَاتْ، وَجَعَلَ نَهْضَةَ الْعُلَمَاءِ جَمْعِيَّةً وَحَكَرَةَ، اَشْهَدُ اَنْ لَااِلَهَ اِلاَّ اللهْ، وَاَشْهَدُ اَنَّ محمّدًا رَسُولُ اللهْ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهْ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهْ لَانَبِيَّا بَعْدَهْ.

·         Salam kasugengan soho karaharjan mugi tansah kajiwo, kasaliro dumateng kito sedoyo Amiin.

·         Bopo/ibu dewan pambiji, engkang kinormatan.

·         Bapak/ibu guru engkang kinormatan

·         Poro rawuh engkang bahagio mulyo, ugi poro rencang engkang kulo banggaaken.

 

Langkung rumiyin, monggo kulo lan penjenengan sami, ngaturaken raos syukur dumateng Gusti engkang moho kuwaos, engkang sampun paring rahmad, awujud kesarasan soho kabagian dumateng kulo lan panjenengan sami. Sahinggo kito sedoyo saget makempal wonten ing adicoro lomba porsema tingkat kabupaten kudus warso 2025, kanti sehat walafiat lir ing sambikolo.

Mboten kesupen, sholawat ugi salam tansah katuraken dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang dipun tenggo-tenggo safaatipun wiwit wonten ing alam donyo dumugi ing alam akherat.

Dewan pambiji sarto poro rawuh engkang kinurmatan, wonten eng pepanggihan meniko kulo bade ngaturaken sesaroh kanti irah-irahan “Aku cinta NU dan Indonesia”

Dewan pambiji serto pro rawuh, minongko generasi muda kito gadah tanggung jawab engkang ageng kangge njagi lan nguri–uri tanah air engkang kito tresnani meniko. Indonesia negeri engkang subur makmur gemah ripah loh jinawi, kito kedah mbombong amargi dados bagian bangsa engkang ageng niki.

Poro rawuh sedanten ingkang kinurmatan

Katresnan sejati mboten cekap ngangge tembung, nanging kedah dibuktiaken kaleh sikap lan tindak lampah. Kito saget derek maringi sumbangsih kangge pembangunan bangsa, kanti sinau engkang mempeng, ugi dados generasi engkang unggul lan berprestasi. Kejawi meniko kito ugi kedah njagi pesatuan lan kesatuan bangsa ngurmati perbedaan suku, agama lan budoyo.

Dados perangane NU, kito ugi nggadahi tanggung jawab kangge njagi paraduga urip engkang sampun diwarisake kalian poro ulomo lan pendiri NU. Nahdlatul Ulama organisasi islam engkang ageng, ugi nderek nyengkuyung pembangunan bangsa Indonesia. NU maringi pelajaran dateng kito sedoyo babagan toleransi, moderasi lan cinta damai.

Poro Rawuh Sedoyo

Kito kedah mbombong dados perangane saking NU, Organisasi meniko sampun kathah ngewangi wonten bidang pendidikan, sosial lan keagamaan. NU ugi dados pelopor kangge ngrumat nilai  nilai pancasila lan bhinneka tunggal ika. Kados dene maqolah ingkang sampun masyhur, nun ingggih: حب الوطن من اﻹيمان Bilih tresno dateng tanah air minggo sebagian saking iman.

Amargi alasan meniko monggo kito generasi mudo ngetokke tresno kito kalih tanah air lan NU lewat margi engkang sae, laku engkang positif. Monggo kito sinau kanthi mempeng, berprestasi lan dados generasi engkang berkualitas. Monggo kito jagi persatuan lan kesatuan bangsa, ugi krumati perbedaan engkang wonten, lan engkang mboten kalah penting, monggo kito nglestariaken nilai – nilai luhur engkang sampun diwariske poro ulomo lan pendiri NU

Mugi –mugi Alloh SWT Tansah maringi Rahmad lan hidayahipun kagem kito sedoyo.

Tumbas santen dateng peken

Pekene peken doro

Kulo kinten cekap semanten

Sedoyo lepat nyuwun pangapuro

 

Wallohul muafiq illa akwamithoriq. Wassallamualaikum wr.wb.


Komentar0

Type above and press Enter to search.