Assalamualaikum
Wr.Wb.
الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على امور الدنيا والدين والصلاة والسلام على اشرف المرسلين سيدنا ومولانا محمد وعلى اله واصحابه اجمعين، قال الله تعالى في القران الكريم: اعوذ بالله من الشيطان الرجيم.
يَرْفَعِ اللهُ الَّذِينَ أَمَنُوْا مِنْكُمْ
وَالَّذِيْنَ أُوْتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتْ. الاية. اما بعد
Hadrotal
Mukarromin, poro alim poro ulama’, engkang kito tenggo mauidhoh hasanahipun lan
sabdo doanipun.
·
Dumateng kepala
Madin Mafatihuddiniyah engkang kawulo mulyaaken.
·
Dumateng poro ustad
ustadzah Madin Mafatihuddiniyah ingkang kawulo mulyaaken.
·
Dumateng Bapak
Ibu wali santri engkang kawulo mulyaaken.
· Lan sedoyo santri putra putri engkang kawulo banggaaken.
Sepindah,
monggo kito aturaken puja lan puji syukur dumateng Allah SWT atas limpahan
nikmat soho hidayahupun, sahinggo wonten sonten puniko kito saget ngrawuhi Acara Maulid Nabi lan
Penerimaan Rapot Semester Gasal, kanti keadaan sehat mboten wonten alangan setunggal punopo.
Monggo raos syukur meniko kito iqroraken mawi ucapan “Alhamdulillahirobbil
Alamin”…
Kaping
kalih, sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito Nabi
Agung Nabi Muhammad SAW, kanti ucapan Allahumma Solli Ala Muhammad Wa Ala Ali
Sayyidina Muhammad. Kanti pangajab, mugi kito sdoyo dados umatipun ingkang
pikantuk syafaat mbenjang wonten yaumil qiyamah, amin ya rabbal alamin.
Hadhirin
Wal hadhirot, rohimakumullah
Wontem mkiri,
kawulo minangkani pranoto adicoro Acara Maulid Nabi lan Penerimaan Rapot Semester Gasal, bade maosaken rantaman adicoro ingkang bade kalampah sonten
puniko:
1.
Adicoro ingkang
ongko setunggal, pembikaan.
2.
Dilajengaken
adicoro ingkang ongko kalih, inggih puniko Waosan Ayat-ayat suci Al qur’an lan
Sholawat.
3.
Ningkat adicoro
ingkang ongko tigo, inggih puniko:
Dzikir Tahlil
4.
Adicoro ongko sekawan
inggih puniko: sambutan.
5. Lan adicoro terakhir inggih puniko doa soho penutup.
Hadhirin
Wal hadhirot, rohimakumullah
Kangge ngawali
adicoro dalu puniko, sumonggo kito bikak mawi wahosan Ummul Kitab surotul
fatihah. Kanti pangajab adicoro-adicoro wonten sonten puniko lumampah kanti
lancar ugi pikantuk ridhonipun Allah. Alaniyyah Alfaaatihah….
Kawulo
aturaken matursuwun.
Adicoro ingkang
ongko kalih inggih puniko, Wahosan Ayat Suci Al Qur’an lan Sholawat ingkang
bade kaaturake sederek, ……………………… dumateng panjenenganipun kaaturaken,
sumonggo.
Kawulo
aturaken matursuwun.
Mugi2 wahosan ayat-ayat kasebat nambahi iman soho taqwa kito dumateng Allah SWT.
Ndungkap
adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko, Tahlil ingkang bade dipun
pimpin panjenenganipun, Ustadz Nur Yazid dumateng panjenenganipun
kaaturaken, sumonggo.
Kawulo
aturaken matursuwun.
Adicoro
selajengipun inggih puniko Sambutan Kepala Madrasah Diniyah ingkang
bade kaaturaken Panjenenganipun Bopo Kyai Ahmad Busiri. Dumateng
panjenenganipun kaaturaken, sumonggo.
Kawulo
aturaken matursuwun.
Hadhirin
hadhirot rohimakumulloh
Mekatenlah
acara Acara Maulid Nabi lan
Penerimaan Rapot Semester Gasal Madrasah Diniyah Mafatihuddiniyyah. Alhamdulilah sampun kalampah
kanti lancar. Mugi-mugi mbeto berkah dumateng kito sedoyo, Amin.
Minagkani
pranoto adicoro, wiwit awal hinggo akhir, atas kekirangan lan kehilafanipun
kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhirul
kalam, Wallahul Muwaffiq Ila Aqwaamit Thoriq. Wassalamualaikum Wr.Wb.
Komentar0