TfCiGfz8TpAlGpriBSY7TSO6BA==

Sambutan Perwakilan Wali Murid Perpisahan Siswa/Haflah Akhirussanah

Almuna.sch.id - Sambutan perwakilan wali murid dalam acara perpisahan siswa adalah pidato yang disampaikan oleh salah satu orang tua atau wali murid sebagai perwakilan. Pidato ini biasanya berisi ungkapan terima kasih kepada sekolah dan para guru, permohonan maaf atas segala kesalahan siswa, serta doa restu agar siswa diberikan kesuksesan dan ilmu yang barokah dan bermanfaat. 


Acara perpisahan merupakan momen penting yang memungkinkan para wali murid untuk berbicara dan berbagi perasaan dengan seluruh komunitas sekolah. 🌟🎓🙏

Contoh Sambutan Perwakilan Wali Murid

Haflah Akhirussanah Madrasah NU Al Munawwaroh

Lau Dawe Kudus

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang Kawulo Hormati Pengurus Yayasan Al Munawwaroh

Ingkang Kawulo Hormati Bapak-Ibu Kepala Madrasah KB-TK-MI-Mts

Ingkang Kawulo Bapak/Ibu Wali Murid lan Tamu Undangan 

Soho anak-anak siswa siswi kang kula tresnani,

Sepisan, monggo sareng-sareng muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi berkah lan rahmatipun dumateng kita sadaya, sehingga kita saged makempal wonten ing acara Haflah Akhirussanah punika kanthi sehat lan lancar.

Sholawat lan salam, mugi kunjuk dumateng Nabi Agung Muhammad SAW. Mugi kito sedoyo saestu benjang pikantuk syafaatitup. Amin Allahumma Amin.


Hadhirin Wal Hadhirot Rohimakumullah

Kula bade ngaturaken sekedhik ngendikan, atan nami perwakilan wali murid kelas IX ugi kelas VI. Kula ngucapaken matur nuwun ingkang ageng dhumateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah anak-anak kula kanthi sabar lan penuh kasih sayang. Saestu, Punika boten saget kula balas kanthi materi, namung saget kula aturaken pangestu lan donga mugi-mugi Gusti Allah paring ganjaran ingkang langkung dhumateng panjenengan sedaya.

Kula ugi ngaturaken pangapunten ingkang saestu, menawi wonten tindak tanduk lan ucap saking putra-putri kula ingkang mboten ndadosaken remen wonten ing madrasah punika. Namung kula namung manungso ingkang gadhah kathah kekirangan, supados mangertos lan ngapunten kirang lan lewihipun anak-anak kula.

Hadhirin Wal Hadhirot Rohimakumullah

Sakmeniko, anak-anak sampun rampung ngleksanani pendhidhikan wonten ing madrasah punika, kita nyuwun donga restu saking Bapak/Ibu Guru lan tamu undangan sedaya, mugi-mugi ilmu ingkang sampun dipun tampi dening putra-putri kito, saged dados ilmu ingkang barokah lan manfaat. 

Lan mugi-mugi putra-putri kula dipun paringi kesuksesan ing masa depanipun, saged ngamalaken ilmu ingkang sampun dipun tampeni kanthi sae.

Hadhirin Wal Hadhirot Rohimakumullah

Semanten ingkang saged kula aturaken, sakderengipun kula akhiri, kula ugi nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kekirangan lan kalepatan ing penyampaian kula menika.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Komentar2

Type above and press Enter to search.