Banner 1

Teks Pidato bahasa Jawa tentang Pendidikan Karakter - Teks Pidato

Teks pidato bahasa jawa pendidikan karakter


1. PENTINGIPUN PENDIDIKAN KARAKTER KAGEM GENERASI AGAMI LAN NEGORO

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِوَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍوَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِاَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد

Dumateng sedoyo dewan juri engkang tansah kawulo mulyoaken........
Dumateng murid-murid MTs NU Al Munawwaroh engkang tansah kawulo tresnani.....
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, lan Hidayah dumateng kito sedoyo sahinggo saged makempal wonten majlis ingkang insyaAllah lumeber kaberkahan sangkeng Allah.......
Kanti ngendikan Allohummasholli ’ala sayyidina Muhammad.... monggo kito sareng-sareng ngaturaken sholawat lan salam dumateng bendoro kito Nabi Muhammad SAW seroyo ajeng-ajeng rohmatipun Gusti Allah lan mugi Kanjeng Nabi kerso pareng syafa’atul udzmahipun dumateng kito sedoyo benjang dinten akhir...Amin!
Kawulo ngaturaken matursembahnuwun sanget kalian wekdal engkang sampun diparengaken dumateng kawulo saperlu ngaturaken pinten-pinten pesen dumateng panjenengan sami engkang judulipun Pentingipun pendidikan karakter kagem generasi agami lan negoro....
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Negoro engkang mayoritas warganipun meniko tiang Islam, khususipun warga NU, Negoro Indonesia meniko terkenal kalian kesantunanipun lan kesopananipun. Penyebabipun enjih meniko warga Indonesia takseh ngugemi nilai-nilai agami, lan Indonesia takseh dereng terserang arus globalisasi.
Kelawan nilai-nilai agami engkang luhur, Indonesia nunjuaken bileh warganipun sakestu saget ngelampahaken nopo engkang dados tujuan diutusipun Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW enjeh meniko nyampurnaaken akhlak kados hadits nabi innama dst............... engkang artosipun.....
Namun, wonten zaman akhir niki keadaan kados niku sampun angil olehe nemuaaken... Zaman sampun berubah eng pundi Indonesia sakmeniko sampun diserang kalian krisis moral generasipun. Pengaruh awon sangkeng arus globalisasi lan majunipun teknologi andadosaken pemuda pemudi kito rusak lan nemen olehe awone. Nopotoh kito mboten ajreh lan kawatir kalian perkawes ngoteniku? Awone akhlak generasi meniko saget dadosaken rusakipun negoro lan peradaban. Amargi generasi meniko benjang  dados tiang sepuh lan dados tiang engkang bakalipun ngasto ilmu lan kekuasaan. Lajeng, nopo engkang saget kito lampahi supados moral generasi Indonesia saget tambah sae? pendidikan karakter atawi pendidikan moral meniko saget dados solusi.... 
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
            Pendidikan karakter saget diartosaken usaha kito kanti sengojo engndalem sedoyo dimensi kauripan wonten sekolah atawi madrasah saperlu bantu pembentukan karakter kanti optimal. Pendidikan karakter niki kedah dilaksanaaken miwit alit, remaja, ngantos dewoso sahinggo saget bentuk karakter langkung sae lan mugio mboten enten maleh murid engkang tawuran, nyontek, males-malesan lan liyan-liyane.
Konsep pendidikan karakter meniko dimasukaken eng selo-selone kurikulum, dados mboten kedah enten tambahan mata pelajaran khusus tapi kalian metode engkang beragam. Contonipun metode pembiasaan, keteladanan, pujian lan sanksi. Kinten-kinten enten 18 nilai-nilai karakter salah sawijine enggeh meniko kadisiplinan lan kajujuran. Disiplin lan jujur meniko kunci kasuksesan.  
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Wonten 3 komponen penting supados pendidikan karakter meniko terwujud sae, injeh meniko tiang sepah, guru lan, masyarakat. Tiang sepah supados perduli lan merhatosaken pendidikan karakter putra lan putrinipun. Ampun malah dados penghambat perkembangan karakter putro. Bapak lan Ibu guru ugi kedah pareng tauladan lan pembinaan engkang sae, terutami kepala madrosah engkang dados kunci utama kasuksesanipun pendidikan karakter wonten sekolah. Anapun pendidikan karakter wonten lingkungan perlu dipun perhatosaken ugi kalian masyarakat. Sahingga lare-lare meniko saget mujudaken pendidikan karakter ten keluargo, sekolah lan lingkungan masyarakatipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Monggo kito sareng-sareng gegayutan mujudaken pendidikan karakter milai sakniki, milai sangking pribadi piyambak, milai sangking perkawis alit.  Mugi-mugi pendidikan wonten negoro kito langkung sae lan maju.
Cekap semanten atur kuwulo, kirang langkungipun, kulo nyuwun pangapunten.
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

2. PIDATO BAHASA JAWA TENTANG PENDIDIKAN 

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak lan poro Ibu ingkang kaulo hormati.

Monggo wonten ing saat sa’meniko kulo lan panjenengan sedoyo samiho muji syukur dating Allah SWT. dene menopo wonten ing saat sa’meniko Allah sampun paring pinten-pinten rohmat, welas asih lan keni’matan dumateng kilo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kula lan panjenengan sami saget keroyo-royo, bagi waktu ninggalaken griyo,  ninggal bondo lan rojo koyo, sami makempal wonten majlis puniko, boten ateges prawan golek joko, utawi dudho golek rondho,  tapi leres-leres pados ilmu agomo, ilmu sing keno kanggo sangu dating griyone moro tuwo, soho ilmu sing keno kanggo sanguine madep dating Alloh kang Moho Kuoso.

Mugo-mugo, mangke wangsul saking pengajian niki samio ngasto ilmu sing manfaah, ilmu sing maslahah, ilmu sing biso mbuahne amal perbuatan tondak-tanduk, solah bowo, toto coro ingkang pikantuk ridlo lan hidayah.

Lan mugo-mugo, sing rejekine rupek diparingono murah, sahinggo uripe tentrem ora kakehan polah, karo tonggo teparone rukun ora tahu congkrah, karo keluargane guyup ora ono sing serakah, yen due putro dipun dadosno putra ingkang sholeh lan solehah, putra ingkang tho’at dumateng tiyang sepah, soho manut miturut dating si embah, yen dikon nunggu umah meneng ora gelem ngedoli gabah, akhire kulo panjenengan gesang kanthi wabillahi taubah, soho pinaringanpungkasan ingkang husnul khotimah, Al-Fatihah…

Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!
Junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. sampun dawuh:

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلٰى كُلِّ مُسْلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ . الحديث

Ingkang artosipun,
Pados ilmu puniko fardlu tumerap saben-saben tiyang Islam jaler lan estri.

Ugi dawuhipun malih:

طَلَبُ الْعِلْمِ مِنَ الْمَهْدِ إِلَى اللَّحْدِ

Ingkang artosipun,
Pados ilmu puniko awit isih ono bandulan tumeko menyang luwangan utowo mati.

Poro Bapak poro Ibu sedoyo! Kanthi wontenipun hadits Nabi meniko sampun jelas bilih ingkang wajib pados ilmu meniko sedoyo tiyang Islam mboten pang bulu, mboten pandang waktu, dados senajan to tiyangipun puniko sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, wis ora tedas peyek, mlakune wis ndeyek-ndeyek, asal durung matek, meniko tetep kuwaiban pados ilmu utawi nga……….ji.
    
Kejawi saking meniko, kepentingan ilmu meniko diatas segala-galanya. Tegesipun tiyang puniko bade ngayuh nopo kemawon kedah mawi ilmu. Contonipun menawi tiyang puniko kepengen dados dokter kedah gadah ilmune dokter, menawi tiyang puniko kepengen dados pedagang kedah gadah ilmune dagang, menawi tiyang puniko kepengen dados pegawai kedah gadah ilmune, meniko ngantos sa’ terusipun. Bahkan keranten sanget pentingipun ilmu, tiyang ingkang bade ngambah dalanipun ilmu puniko dipun jamin kaliyan Allah, bade dipun gampangaken dalanipun dating swargo. Dawuhipun Kanjeng nabi:
    
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَطْلُبُ فِيْهِ عِلْمًا سَلَكَ اللهُ بِهٖ طَرِيْقً إِلَى الْجَنَّةِ . (رواه مسلم

Ingkang artosipun,
Sing sapa wonge ngambah dalan tumuju marang golek ilmu, mongko Alloh nggampangangaken dalan marang wong iku nuju marang swargo.
Pentutup Pidato Bahasa Jawa Pendidikan:

Poro Bapak poro Ibu ingkang kaulo hormati!
Dados mekatenlah keranten sanget pentingipun ilmu, Alloh paring jaminan dipun gampangaken dalan dating swargo. Nopo maling menawi ingkang gadah ilmu meniko lare joko-joko lan prawan-prawan, ngantos dipun tembungaken:

Kayu nongko digraji-graji
Dienggo lawang karo lemari
Dasar joko kok pinter ngaji
Akeh prawan sing podho antri
  
Kayu waru digraji-graji
Kayu nongo dienggo lemari
Dasar Ayu kok pinter ngaji
Akeh joko sing arep ngrabi
    
Poro hadirin mekatenlah ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته